Jangan asem ayam bakar
Lambene masem atine ambyar
Udan udan tuku gorengan
Kadung nyaman jebul mung kekancan
Jambu alas kulite ijo
Seng di gagas wes ndue bojo
Iso nggendang raiso nyuling
Iso nyawang raiso nyanding
Mangan jajan karo cangkrukan
Jajan gorengan tempe mendoan
Jare aku dadi tujuan
Nyatane mung dingo pelarian
Iwak teri iwak lohan
Lala widi jare sih perawan
Tuku bojo neng pasar ngentak
Bojone konco ojo di gendak
Tuku bawang kliru mrico
Kadung sayang tibake konco
Klambi suwek kiwo tengen
Gayamu cuek asline kangen
Baca Juga: Lirik Lagu Hiduplah Engkau Denganku, Cinta Sampai Mati - Raffa Affar Viral di Sosial Media
Tuku soto nang suroboyo
Tuku gelang nang magelang
Aku iki jarene joko
Padahal aku yo wes kerak.*